|
Wednesday, October 06, 2004
Kowe kapan rabi, Bah ?
Pertanyaan itu yang sering dilontarkan temen² bila datang di acara pernikahan temen kuliah, temen sma, atau temen² se-komunitas.
Umurmu wes tuwek, wes nyambut gawe, kurang opo meneh ? Mesakne anakmu sok benne, lagi butuh²he duwet - kowe wes meh matek !
Jawabku yaa sederhana aja,
Umurku pancen wes tuwek, wes endass telu, secara jasmani lan biologis wes siap ket biyen², wes nyambut gawe ... Nanging, bayaranku gak cukup tak pangan dewe - mosok arep makani anak'e wong liyo - opo ra ndholim iku jenenge ?
Bah, kowe kan wong Islam ! opo kowe ra percoyo karo hadits Nabi sing artine : "Wahai pemuda menikahlah kamu karena ALLAH, barangsiapa yang merasa dalam kemiskinan maka Allah akan mencukupi rezeki untukmu semua". Ono meneh ayat sing maknane koyo ngene : "Dan burung² itu keluar dari sarangnya dalam keadaan perut kosong dan sore harinya kembali dengan perut kenyang, karena Allah selalu menyediakan apa yang diperlukannya". Lho kurang cehto opo meneh, Bah ? mosok kowe kalah karo manuk empret !!!
Aku mesem karo mringis ngrungok'ke nasehatte konco²ku iku, anjrit tenan !!! pinter tenan le mojokke aku .... :p
Gini aja pren, bukannya aku gak percaya dengan ayat² tersebut ... kalo di antara kalian punya adik, temen, atau kolega "babon kebelet kawin" bawa ke sini aja, hadapkan dengan aku, nanti aku lihat-² kondisinya bagemana, aku jelasin juga keadaanku saat itu juga, terus ... aku tanting nikah wes !!!
----------------------------
Bah ! kae si Kenthus wes rabi, wes duwe anak siji ! kok kowe ijik ngono wae ???
Opo hubungane karo aku ?
Wallah sok goblok kowe iki !!! Kenthus kae lak adhie kelasmu let rong taun pas SMA, mosok kowe sing luweh tuwo kalah rabi tinimbang dewek'e .... ???
Oleh wae mbandingke aku karo dewek'e, ning le ndelok yo sing padang lang cetho, ojo mung disawang soko umurre tok !!!
Kenthus ki wiwit SMA kan wes nguber-nguber Jamilah nganti diceluk bola-bali ning BP sampek wong tuwane isin ra ilok-ilok.
Terus pas kuliah, gayane le pacaran ngluwihi tinimbang wong bebojoan : yen boncengan numpak motor model tas ransel : klambine ketat, Jamilah mantep nancepke susune ning gegerre Kenthus - tanganne kraket ngrangkul nang ngarep - mboh grayangi opo meneh ? Yen ning tempat umum wae wes ra rumongso isin disawang wong okeh, kiro² yen ning kost-²san Jamilah digremeti susune terus ditumpak'i koyo wong ngumpo kae, opo bakal nolak ?
Lebarre wisuda, Jamilah golek gawean ra etuk², wedi dadi pra-one tuwo, genti nguyak² Kenthus njaluk kon ngrabi ? padahal Kenthus yo ijik nganggur !
Sawangen ugo : wong tuwo endi sing ra ngelus dodo, nyawang anak wedhok'e runtang-runtung dibonceng karo wong lanang liyo sing dudu sedulurre dewe ?
Nganti rabine lan ngla'erke anak siji, opo Kenthus wes duwe gawean lan bayaran sing nyukupi kanggo anak bojone ? Syukur wae wong tuwane karo mertuwone loro karo gelem ngragati opo sing dibutuhke Kenthus.
Wes saiki pikiren : opo aku kudhu nyontoh Kenthus le arep omah² ?
...................................................................................................
Lha terus rencana utowo targetmu rabi kapan, Bah ?
Rencana lan usaha tetep ono, nanging yen target gak ono.
Opo rencana lan usahamu iku, opo kowe ra wedi dadi bujang lapuk ?
Tetep golek² gawean, wang-sinawang, njogo tali silaturrahim, dungo lan ikthiyar, Insya Allah Gusti Pangeran ngijabi sik apek² .....
Posted at 09:31 by Bahtiar
 |  |  | CERITA LAMA July 12, 2006 09:08 AM PDT
ini cerite dua tahun yang lalu ... kalo dibaca lagi ... masih bikin senyum-senyum dewe ... :) |  |
  |  |  | guntur June 21, 2005 12:42 AM PDT
hm...menurut perhitunganku, hidup di yogya 300 000 sekeluarga kan bisa mas? menjelang 1-2 tahun punya anak..heheh *ngomong enak bgt*
:P |  |
  |  |  | didats June 17, 2005 09:16 AM PDT
banyak kriteria kali...... :D |  |
  |  |  | kenthuselongso May 14, 2005 12:49 AM PDT
bah..kowe kok malah ngrasani aku ki piye ??????!!!@@##$###$
aku khan ra ono salah karo awakmu ???? |  |
  |  |  | kuncung April 21, 2005 03:25 PM PDT
numpang lewat.... |  |
  |  |  | idem wae mas.... February 24, 2005 10:09 AM PST
ayyyyyoooo..........
dikau bisa Mr.Bakh...
arep golek sing ky opo tho????
|  |
  |  |  | fff October 30, 2004 12:34 PM PDT
Pak Bahtiar...ada kalanya kita memang harus memilih(la chen kudune)dgn keadaan skrg ini, ada baiknya dicatat baik dan buruknya ketika panjenengan segera ato tidal segera menikah--begitu saja--karena menikah yang menjalani kita, bukan orang lain--dan perlu dicatat lagi--DUNIA AKHIRAT Bung!!! |  |
  |  |  | dik melati (jare'ne') October 19, 2004 08:15 AM PDT
sak jane eneng inceran orak ? yen rano yo...piro2 bayarane tetep ra iso rabi ! ning yen eneng inceran...sing dicintai maksudku, yo tetep gampang rabi. sing penting kan cinta (jarene aku sih) ! nek wis cinta ki, opo wae bakal dilakoni kanggo mujudake opo sing dadi karep (cita2) ! ning golek cinta ki luwih angel ketimbang golek gawean je. yo ndongo wae mugo2 ndang entuk cinta. trus selamat berjuang demi cinta itu... yo mung ngeneki komentarku...mas bah mekso kon ngisi komentar sih :( kan aku rung siap materi nek dadakan ngeneki. mmm...btw jatuh cinta itu bisa berkali2...bukan cuma sekali :)
wis yo |  |
  |  |  | cemut October 18, 2004 03:40 PM PDT
weekk, emang mas bech kl kita membahas ttg ini ga' ada abisnya, setiap persepsi ada benar dan salahnya. yo mungkin ene benernya sing dibilang karo mas ghofarism. kita dituntut hrs bekerja lebih keras dari hari2 sebelumnya tp tetep inget kondisi dan kemampuan kita, ojo ngoyo dan tetep hrs ene target krn menyangkut nasib keturunan kita :)
ta' dongake mas.. ben slalu diberikan kemudahan dan jalan keluar setiap keputusan yang mas bech ambil. Amien |  |
  |  |  | ghofarism October 16, 2004 08:34 AM PDT
Bahtiar dulurku,
sing tok butuhke saiki tak kiro memulihkan self-confidence. Kukira pusat masalahnya di sikon kantong. Nek kowe bimbang ttg income-mu, kowe kudune luwih kreatif, aggressive and be positive! Selanjutnya, situ nggak perlu kebablasan, misalnya: aku baru akan rabi setelah punya boil ato rumah sendiri....wah bisa berabe kalo gini.
Satu strategi lagi: Find a worker lady! yg setia sama kamu. |  |
  |  |  | Bahtiar October 10, 2004 02:31 AM PDT
Esbea, Agroh, yDouglas, dan Joko : makasih atas nasehat²-nya, aku cuman berusaha jujur apa adanya :) |  |
  |  |  | Joko October 9, 2004 09:33 PM PDT
Mas Bahty, jaga pikiran ya supaya tenang dalam memilih pasangan hidup, yang lebih dewasa pasti lebih tahu cara memilih, ato cari referen aja sama orang yang lebih dewasa mungkin orang tua benarkah sudah saatnya untuk rabi, dan pasti mereka menjawab "ya".Dan memang semua orang di umur sekian biasanya, setres-setresnya klo masih bujang ya mikir kerjaan to rabi, saya mendukung sekali klo njenengan cepet rabi tapi ya idem deh sama yang di atas, ya itu "jangan asal comot bisa-bisa dapat yang kempot". Lha klo njenengan nggak optimis waduh gimana saya nanti, aku jadi mikir. jangan-jangan malahan orang semacam joko nggak boleh di perbanyak. |  |
  |  |  | ydouglas October 8, 2004 03:54 PM PDT
ia mas ora kesusu nek kesusu malah salah milih susu..*ketawa guling-guling* tapi jgn kelamaan milih susunya bisa expired..hehehe
|  |
  |  |  | Agroh October 8, 2004 10:08 AM PDT
saranku sih Bah, kowe sante wae. Ra sah kesusu. Nek kesusu malah salah milih susu rak repot. Sing penting sak iki, kowe nggaweo planning, 1 tahun, 3 tahun ke depan arep ngopo. Terus kasih target setahun sampe 5 tahun ke depan uripmu arep dadi opo. Urip ki sing penting bahagia. Ngono wae, semoga berguna
|  |
  |  |  | esbea October 6, 2004 06:06 PM PDT
whiihihihihihihih
isine kok soyo ekstreem ya mas!!!
|  |
|
|