|
Wednesday, October 06, 2004
Kowe kapan rabi, Bah ?
Pertanyaan itu yang sering dilontarkan temen² bila datang di acara pernikahan temen kuliah, temen sma, atau temen² se-komunitas.
Umurmu wes tuwek, wes nyambut gawe, kurang opo meneh ? Mesakne anakmu sok benne, lagi butuh²he duwet - kowe wes meh matek !
Jawabku yaa sederhana aja,
Umurku pancen wes tuwek, wes endass telu, secara jasmani lan biologis wes siap ket biyen², wes nyambut gawe ... Nanging, bayaranku gak cukup tak pangan dewe - mosok arep makani anak'e wong liyo - opo ra ndholim iku jenenge ?
Bah, kowe kan wong Islam ! opo kowe ra percoyo karo hadits Nabi sing artine : "Wahai pemuda menikahlah kamu karena ALLAH, barangsiapa yang merasa dalam kemiskinan maka Allah akan mencukupi rezeki untukmu semua". Ono meneh ayat sing maknane koyo ngene : "Dan burung² itu keluar dari sarangnya dalam keadaan perut kosong dan sore harinya kembali dengan perut kenyang, karena Allah selalu menyediakan apa yang diperlukannya". Lho kurang cehto opo meneh, Bah ? mosok kowe kalah karo manuk empret !!!
Aku mesem karo mringis ngrungok'ke nasehatte konco²ku iku, anjrit tenan !!! pinter tenan le mojokke aku .... :p
Gini aja pren, bukannya aku gak percaya dengan ayat² tersebut ... kalo di antara kalian punya adik, temen, atau kolega "babon kebelet kawin" bawa ke sini aja, hadapkan dengan aku, nanti aku lihat-² kondisinya bagemana, aku jelasin juga keadaanku saat itu juga, terus ... aku tanting nikah wes !!!
----------------------------
Bah ! kae si Kenthus wes rabi, wes duwe anak siji ! kok kowe ijik ngono wae ???
Opo hubungane karo aku ?
Wallah sok goblok kowe iki !!! Kenthus kae lak adhie kelasmu let rong taun pas SMA, mosok kowe sing luweh tuwo kalah rabi tinimbang dewek'e .... ???
Oleh wae mbandingke aku karo dewek'e, ning le ndelok yo sing padang lang cetho, ojo mung disawang soko umurre tok !!!
Kenthus ki wiwit SMA kan wes nguber-nguber Jamilah nganti diceluk bola-bali ning BP sampek wong tuwane isin ra ilok-ilok.
Terus pas kuliah, gayane le pacaran ngluwihi tinimbang wong bebojoan : yen boncengan numpak motor model tas ransel : klambine ketat, Jamilah mantep nancepke susune ning gegerre Kenthus - tanganne kraket ngrangkul nang ngarep - mboh grayangi opo meneh ? Yen ning tempat umum wae wes ra rumongso isin disawang wong okeh, kiro² yen ning kost-²san Jamilah digremeti susune terus ditumpak'i koyo wong ngumpo kae, opo bakal nolak ?
Lebarre wisuda, Jamilah golek gawean ra etuk², wedi dadi pra-one tuwo, genti nguyak² Kenthus njaluk kon ngrabi ? padahal Kenthus yo ijik nganggur !
Sawangen ugo : wong tuwo endi sing ra ngelus dodo, nyawang anak wedhok'e runtang-runtung dibonceng karo wong lanang liyo sing dudu sedulurre dewe ?
Nganti rabine lan ngla'erke anak siji, opo Kenthus wes duwe gawean lan bayaran sing nyukupi kanggo anak bojone ? Syukur wae wong tuwane karo mertuwone loro karo gelem ngragati opo sing dibutuhke Kenthus.
Wes saiki pikiren : opo aku kudhu nyontoh Kenthus le arep omah² ?
...................................................................................................
Lha terus rencana utowo targetmu rabi kapan, Bah ?
Rencana lan usaha tetep ono, nanging yen target gak ono.
Opo rencana lan usahamu iku, opo kowe ra wedi dadi bujang lapuk ?
Tetep golek² gawean, wang-sinawang, njogo tali silaturrahim, dungo lan ikthiyar, Insya Allah Gusti Pangeran ngijabi sik apek² .....
Posted at 09:31 by Bahtiar
Permalink
|
|